Friday, February 10, 2012

Ngentosi Hal Ingkang Ora Pasti

Kula ngentosi
Ngentosi kalihan rasa sabar
Rasa sabar kang kaliwat batas
     Kula ngentosi
     Ngentosi sampeyan
     Pangeran ati kang kula tresnani
Jampi-jampi marang Gusti Pangeran sampun kula lampahi
Restu saking wong tuwa sampun kula kantongi
Kantun ngentosi sampeyan netepno ati
Nggeh…
Sepindah malih kula ngentosi
     Cah lanang wira-wiri ing ngajeng pasuryan
     Pamer kacerdasan pamer kekayaan
     Nanging sampeyan kang kula entosi
     Sampeyan kang kula sayangi
     Sampeyan kang kula tresnani
Kula ngentosi sepindah malih
Kantun sampeyan sadar diri
Yen cuman sampeyan kang ana ing ati iki
Yen cuman sampeyan kang kula senengi
     Kula yakin. kula percaya
     Sampeyan ngerti, sampeyan kerasa
     Nanging ati kerasa lara
     Ndeleng sampeyan nggandeng wadon liya


No comments:

Post a Comment